Jumat Budaya

unggulan

Program Jumat Budaya

Nguri-uri kabudayan Jawi ingkang adiluhung sacara rutin

Salah setunggaling bukti kagem nglestareaken budaya adiluhung ingkang wonten SMPN 1 Pagu kanthi ngawontenaken adicara Jumat Budaya. Kagiyatan menika dipunlaksanaaken nunggal sasi sepisan, inggih menika saben dinten Jumat ing minggu kapisan. Kagiyatan rutin dinten Jumat ing SMPN 1 Pagu menika ugi jangkep salintunipun wonten program Jumat Sehat, Jumat Rohani, lan Jumat Bersih.

Tata Cara Saben Jumat Kapisan:

”Saben dinten jumat kapisan para warga sekolah, siswa-siswi, dwija, lan karyawan tata usaha ngagem busana lurik lan ndamel basa jawa wonten pacelatonan.”

Kajawi menika, dipunwontenake pagelaran seni tradhisional kanthi gelar maneka warna dening para siswa.

Mekanisme Kagiyatan lan Pagelaran Seni :

  • ✔ Sistem Giliran Kelas: Kagiyatan dipunwiwiti pagelaran saking kelas 7A, 8A, lan 9A, lajeng dipungilir sacara runtut ngantos purnaning kelas inggih menika kelas 7K, 8K, lan 9K.
  • ✔ Warni-Warni Pagelaran: Seni tradhisional ingkang dipuntampilaken saged arupi drama, tari tradhisional, lelagon utawi tembang Jawi, maos geguritan, lan sapanunggalane.
  • ✔ Tugas Literasi lan Apresiasi: Kelas ingkang mboten kajibah tampil kedah mirsani ugi kedah ngapresiasi pagelaran kanthi dipunserat wonten buku literasi minangka salah satunggalipun tugas literasi sekolah.

Ancasipun Kagiyatan :

Kagiyatan Jumat Budaya menika dipunajab supados para siswa-siswi SMPN 1 Pagu saged langkung mangertos, nresnani, lan saged nguri-uri kabudayan tradhisional Jawa kanthi rasa bombong lan mongkog ing manah. Lumantar program menika, karakter luhur lan unggah-ungguh saged kelajengaken dhateng generasi enem.

Kepingin pirsa dokumentasi lan kedadosan seru dinten Jumat Budaya ing SMPN 1 Pagu?


Mriksani Selengkapipun Ten Mriki !