Jum’at Budaya SMPN 1 PAGU

๐ŸŒบ JUMโ€™AT BUDAYA SMPN 1 PAGU

 

Nglestarekake Budaya Jawa, Nandur Rasa Tresna marang Kabudayan Nuswantara

 

Jumโ€™at, 6 November 2026

 

Sugeng enjing, sedaya! ๐ŸŒž

 

Dina Jumโ€™at, 6 November 2026, SMPN 1 Pagu malih nggelar kegiatan Jumโ€™at Budaya kanthi swasana kebak kabungahan lan semangat nguri-uri kabudayan Jawa.

 

Liwat pagelaran tari tradhisional lan crita rakyat, para siswa nuduhake bakat, kreatifitas, sarta rasa tresna marang warisan budaya leluhur. Kegiatan iki ora mung dadi papan kanggo ngasah kaprigelan lan kapercayan dhiri, nanging uga minangka wujud nyata kanggo njaga supaya kabudayan Jawa tetep lestari lan dikenal dening generasi mudha.

 

Ing kalodhangan iki, para siswa nampilake pagelaran kang narik kawigaten, yaiku:

 

๐Ÿ’ƒ Kelas 9J โ€“ Tari Jejer Gandrung Guritmangir

 

๐Ÿ’ƒ Kelas 7D โ€“ Tari Oglek

 

๐Ÿ“– Kelas 8F โ€“ Crita Rakyat Mahesa Suro lan Lembu Suro

 

๐Ÿ“– Kelas 9I โ€“ Crita Rakyat Ande-Ande Lumut

 

Saben pagelaran nggambarake maneka warna kasugihan budaya Jawa kang kebak piwulang, nilai moral, lan kaendahan seni. Para siswa kanthi semangat lan percaya dhiri nuduhake asil gladhen lan kreativitase ing ngarepe kanca-kanca.

 

Lumantar kegiatan Jumโ€™at Budaya iki, diajab para siswa tansah tresna marang budaya dhaerah, gelem sinau lan nglestarekake seni tradhisional, sarta ora isin nuduhake jati dhirine minangka generasi penerus budaya bangsa.

 

Ayo bebarengan nguri-uri budaya Jawa!

โ€œWong Jawa aja nganti ilang Jawane, amarga budaya minangka jati dhiri lan warisan kang kudu dijaga salawas-lawase.โ€

 

๐ŸŒฟ SMPN 1 Pagu โ€“ Sekolah Berbudaya, Berkarakter, lan Berprestasi!

 

#JumatBudaya #SMPN1Pagu #NguriUriBudayaJawa #BudayaNusantara #GenerasiCintaBudaya

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *